Get all 24 YES NO WAVE MUSIC releases available on Bandcamp and save 20%.
Includes unlimited streaming via the free Bandcamp app, plus high-quality downloads of PRIME ENERGY, Jor Bae (Y-DRA Remix), Budi Pekerti (Original Score), Jamadevi, Phantasmagoria of Jathilan, Tanggung Renteng, 《O-ksi氣-2》, Etai Wisisi Waga O Wamena Hanorasuok, and 16 more.
1. |
ACT I. Sigra Sigra
14:56
|
|||
Aum awignam astu,
Sing lelembut pedhayangan sira ing tanah jawi
Gusti rewangana insun,
teka demen teka asih,
saking kersane gusti
Sigra-sigra nayaka hangayahi karya
Pakarja praja gumregut sengkut
Cancut taliwanda manunggal setya
Damyak dampyak tinon asri
Swarane gumuruh samya rebut karsa
Ngestu pada rawuhnya sang nata
Sajuru-juru ngayahi karya
Singgah singgah kala singgah
Tan suminggah Durgakala sumingkir
Surak gumuruh tandang yudha
Satriya luhur klawan Landa
Angkara murka magenturan pindha gajah oling
Mangsah ajurit, Ooo…
|
||||
2. |
ACT II. Budhal Gumuruh
09:42
|
|||
Sawega risang patih, hanata prajurit baris
Nyawiji kumalang - malanging tekad, pindha alun samudra rob
Katiyuping maruta wur kelawan guntur ketug - guntur ketug
Wus sawega kapiyarsa budhalan
Enjing bidhal gumuruh saking jeroning praja
Kehiung kang balikoswa, abra busanananira
Lir surya wedalira saka ing jalanidhi, arsa madhangi jagad
Duk mungub mungub aneng, sak pucaking wukir
Merbak bang sumirat keneng soroting surya
mega lan gunung gunung…
Enjing bidhal gumuruh
Bendhe beri
Gong maguru ngungkung
Ong...binarungin
Krapyak krapyak watang gathik
Kapiyarsa swaranipun
Lir ombak ing samodra rob
Bata rubuh budhaling wadya gumuruh
Rumagang girang girang cukat tandang tandang
Jumangkah gagah gumregah liru prenah
Wus samekta siyaga gya makarya
Hangangkat karyaning praja murih kerta harja
Satria ketemu mungsuh
Demit celeng kang rakus
Demit kebo sing kuat lan angel dikalahke
Raja Singo Barong kang tansah murka
Para raksesa kang ngrakup lemah
Ing sak dawane dalan
Mustaka pada ditancepke ning tombak
Lan digantung ning uwit
Minangka perlambang, perlawanan kudu sirna
Praja praja runtuh
Para raja pada dadi sekutune lelembut seko mburining samudra
Tanah Jawa tansah katumpahan ludira
Manungsa hamung dadi mangsa Batara Kala
|
||||
3. |
ACT III. Perangan
08:50
|
|||
4. |
||||
Slompret slompret
Kempul wungkung
Kendang riyel
Ketipung imbal
Bonang loro salendro
Salompret pelog
Jaran kepang nyongklang
Merake ngigel
Macam mangap megap megap
Bujang ganong galeyah kiprah
Wus cocok kanggo ngareog
Prasaja gawe gembira
|
||||
5. |
ACT V. Waru Doyong
16:45
|
|||
Waru waru doyong
Doyong pinggir kali
Lungo ngendong
Lungo ngendong ora bali bali
Warung doyong pinggir kali
Lungo ngendong ora bali bali
Waru waru doyong
Doyong mujur ngetan
Lungo ngendong
Lungo ngendong golek pangan
Waru doyong mujur ngetan
Lungo ngendong golek pangan
Waru waru doyong
Doyong pinggir wangan
Lungo ngendong
Lungo ngendong nggo golekan
Waru doyong pinggir wangan
Lungo ngendong nggo golekan
Turun-turun sintren
Sintrene widadari
Nemu kembang yun-ayunan
Kembange putri Mahendra
Widadari temuruna
Aum awignam astu,
Sing lelembut pedhayangan sira ing tanah jawi
Gusti rewangana insun,
katekana sasedya insun
|
YES NO WAVE MUSIC Yogyakarta, Indonesia
A netlabel; your resource for Indonesian extraordinary music.
For free download releases, visit our website.
Streaming and Download help
YES NO WAVE MUSIC recommends:
If you like Phantasmagoria of Jathilan, you may also like:
Bandcamp Daily your guide to the world of Bandcamp